Sunday, March 12, 2017

contoh pidato bahasa jawa -perpisahan kelas-



Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kinabekten, bapak ibu guru ingkag dahat 
kinurmatan, rencang saha adik kelas ingkang kula tresnani.
Puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung. Ingkang sampun anglu beraken 
rahmat sarta hidayah. Dene kula panjenengan sami saged makenpal wonten ing sekolahan 
kangge ngawontenanken perpisahan.
Bapak/Ibu guru ingkang dahat kinurmatan mboten kantun kula minangka wakilipun 
putra putri siswa kelas sanga atur agunging panuwun ingkang tanpa upami awit keiklasan 
saha sih katresnan Bapak/Ibu Guru nggulawenthah dhumateng para siswa waengga saget 
ngampungake kewajiban ingkang sampun kalampahan sadangipun tigang tahun, khanti 
pikantuk surat tandha tamat blajar.
Sedangipun tigang taun kula ngangsa kawruh wonten ing pawiyatan wonten ing 
panggulemah thanipun, ngantos wonten pengeketing batin seingga karengku kados 
Bapak ibu tuwin adik adik ingkang satuhu kula kurmati saha kula trisnani. Sakedhap 
malih kula sarencang rencang nilaraken pawiyatan punika. 
Awrat anggen kula matur kados pundi raosipun nilar Bapak/Ibu Guru saha adik adik, amargi kawontenan kedah mekaken, pramila kepeksan kula kaliyan rencang rencang nilaraken Bapak/Ibu Guru saha adik adik 
kelas pitu tuwin kelas wolu sanadjan ta sampun perpisahan ingkang ateges tindih ing natra. 
Mewantu wantu kula tansah nyenyuwun supados taksih celak ing pengasih.
Pawiyatan ingkang sampun metahu tahun sampun tansah cecaketan kaliyan kula, kula  sarencang rumaos cuwa penggalih, badhe nilaraken pawiyatan menika, amargi kahanan 
saka karsaning gusti, wonten pepaggihan tamtu badhe wonten perpisahan, punika kados 
sampun sampan kodrat mboten kenging dipun owahi maleh.
Kula sarancang kelas sanga ingkang badhe nilaraken pawiyatan punika tansah 
nyenyuwun lan ndedanga adik adik sageda kasil anggen ipun ngangsu kawruh wonten ing
pawiyatan punika, kula minangka wakilipun rencang kelas sanga tansah nyuwun, mugi mugi

adik adik sregep anggenipun sinau lan tansah mituhu dhumateng Bapak/Ibu Guru.
Mboten kantun ugi kulo dalah rencang kelas sanga tansah memuji dhumateng gusti 
ingkang Maha Agung, supados Bapak/Ibu Guru saa adik adik pikantuk nikmateng pangeran 
wilujeng mboten wonten alangan satunggal punapa.
Kulo kinten mboten prayogi menawi atur pamitan pamitan punika kulo pepanjang. 
Kulo naming tansah nyuwun tambahing donga pangestu saking Bapak/Ibu Guru saha adik 
adik. Sageda wilujeng sasampunipun medal saking pawiyatan punik lan sageda pikantuk 
pawiyatan luhur kangge ngangsu kawruh ngilmu ingkang langkung inggil. Ingkang mboten 
nglajengaken sageda pangestu pedamelan ingkang samurwat kaliyan pangetosan ingkang 
sampun tinampi.
Mbok menawi wonting kirang tata karma anggen kulo matur saha sisip sembiring 
atur, kulo minongko wakil kelas sanga tansah nyuwun agunging panuwun igkang tanpa 
upami. Akhirul kalam billahi taufik wal hidayah.
Wassalamualaikum Wr. Wb.

No comments:

Post a Comment