Assalamualaikum wr. Wb.
Bapak
Kepala sekolah ingkang kinurmatan.
Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring
budi.
Ugi mboten kesupen rencang-rencang
ingkang kaula tresnani.
Sumangga
langkung rumiyin sami ngaturaken puji syukur dhu-mateng Gusti Mahakwasa ingkang
kepareng paring rahmat lan hidayahipun sahingga kita sadaya taksih saged kempal
ing acara punika kanthi mboten wonten alangan setunggal punopo. Sholawat saha
salam senantiasa kita haturaken dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad
S.A.W. ingkang kita tengga-tengga syafa’atipun benjang ing dinten akhir,.
kanthi ucapan Allahhumma sholli ala syaidina muhammad wa ala ali syaidina
muhammad ,
kula
jumeneng ten ngriki ajeng medaraken babagan Karesikan lingkungan. karesikan
lingkungan wigatos sanget tumrap kula panjenengan sadaya. Kedah kita emut bilih
lingkungan inggih punika panggenan kangge gesang kita sedaya, sahingga kita
kedah nguri-nguri lingkungan niki supaya dados pagesangan ingkang ayem, tentrem
ugi sejahtera. njagi karesikan lingkungan punika salah sijining upaya ingkang
utama kangge nyegah aneka penyakit.
Selaku
kita warga sekolah, karesikan lingkungan saget kita tumrapaken ing lingkungan
sekolah ingkang kita tresnani puniko. Mbok bilih lingkungan sekolah kita resik
kita ugi ingkang angsal dampak positifipun inggih punika KBM dados aman lan
nyaman. Karesikan lingkungan sekolah saget ditindakaken kanthi cara buwang
larahan/sampah ing panggenan ingkang sampon disediaken, numindakaken piket
kelas kanthi teratur.
Cekap
Semanten atur kaula, mbok bilih wonten kekurangan ugi kekhilafanipun kaula
nyuwun agunging samudro pangapunten.
Wassalamualaikum
wr. wb
No comments:
Post a Comment