Ana ing sawijining dina Begawan
Abyasa, Madrim, Puntadewa, Yamawidura, Kunti, lan Bima kumpul ing kraton nunggu
baline Prabu Pandhu. Ora suwe dumadakan teka salah siji utusan saka Pandu kang
anggawa warta yen Prabu Pandu nembe wonten tugas ndereke Basudewa tindak ana
ing tlatah Mandura.
Dewi Kunthi kang nembe mbobot tuwa
banjur nglahirake jabang bayine. Saka kelahiran iku bayi kang lagi wae mbrojol
saka njero weteng Dewi Kunthi banjur digendong dening Bima sing ora liya yaiku
kakang saka jabang bayi kui mau. Bima nggendong adhine menyang tlatah Mandura
kanthi kawalan saka Begawan Abyasa.
Ana ing tlatah Mandura, Ugrasena
sowan wonten Dewi Mahendra lan Dewi Bandraini. Piyambake sedaya pada nunggu
kerawuhan Basudewa. Ora suwe banjur Raja Basudewa dumugi kanti diderekake
dening Padu lan Arya Prabu. Dewi Badraini kang ugo nembe mbobot tuwa banjur
nglairake jabang bayi kang ayu lan diparing asma Sumbadra.
Ora suwe Bima teka ana ing Mandura
kaliyan nggendong bayi lanang yaiku adhine dewe kanti kawalan Begawan Abyasa.
Banjur bayi iku dicaosake dening Prabu Pandu kang ora liya yaiku bapakne.
Banjur Pandu paweh asma dening bayi iku kanti jeneng Parmadi, semono uga
Begawan Abyasa paweh jeneng Palguna dening anak Dewi Kunti, sawetara Bima dados
kakange paweh jeneng Jlamprong dening bocah kui. Bocah iku sakmangkih dadi
ksatria kang bagus lan kuat, kalebu ana ing bagian Pandawa Lima kanti julukan
terkenal yaiku Arjuna.
Ona ing papan kui sakmenika awonten
bayi loro kang gadah asma Parmadi lan Sumbadra, banjur Basudewa mangku keloro
bocah kui, Parmadi ana ing pupu tengen lan Sumbadra ana ing pupu kiwane
Basudewa. Saka kunu keloro bocah kui dijodohake kawit bayi cenger lan Basudewa
sabda yen saka keloro bocah iki sesok bakal anurunake keturunan kang dadi raja.
No comments:
Post a Comment