Sawijining dina
ing kerajaan mantili ingkang kerajaan ramanipun dewi shinta, asmane prabu
janaka . prabu janaka ngadhaake saembara sopo sing bias manah paling apik bakal
didadekke mantu. Salah sijine paserta sayembara yaiku prabu rama lan rahwana
nanging rahwana ora bias ngangkat panah kasebut , lan rama bias ngangkat panah
kasebut. Saengga rama bias menangke sayembara lan ngentukke shinta dadi
bojone . rahwana ora seneng yen rama bias dadi bojhone shinta.
Ing alengka
kuwi kerajaan rahwana,kumbakarna,indrajid,patih prahasta. Sarpanaka menehi
kabar ing rahwana yen ana wong wadon ayu. Rahwananipun ndang golei wong wadon
mau. Kasunyatan putri mau jenenge putrid kalamarica sing bias ganti wujud apa
wae,lan bias ngrubah wujud dadi buta cakil.
Ing alas
dandaka rama shinta lan laksamana iseh ngembara mengertosnipun rahwana lan
kalamarica melu ing alas lan ngincer serta lan godoni shinta. Kalamarica
ngerubah wujud dadi kijang mas ingkang godoni shinta. Shinta deloi kijang mas
kasebut langsung ngongkon rama kanggo nyekel kijang mas kasebut. Nanging kijang
kasebut malah mlayu ing jero alas, lan shinta jaluk rama kanggo ngoyak kijang
mau. Lan laksmana tetep karo shinta. Nanging shinta nesu amarga laksmana ora
melu ngoyak kijang bareng rama ing jero alas . Akhire laksmana nuruti kapinginane
shinta supaya ngoyak rama ing jero alas. Wedi karo kaselamatane shinta laksmana
gawe bunderan kanggo shinta supaya shinta tetep selamet.
Sawise rahwana
teko,rahwana jajal nyedakki shinta lan jajal kanggo nimbus bunderan mau.
Nanging rahwana ora mampu nglewati bunderan mau. Akhire rahwana ngerubah
wujud dadi brahmana tuwo supaya bisa narik perhatian shinta lan jaluk sedekah.
Dewekke nyedakki shinta lan jaluk sedekah,amarga rasa mesakke,akhire shinta
menehi sedekah brahmana tuwo mau. Nalika shinta lagi ngei sedekah,dewekke
ditarik mentu saka bunderan mau landigowo mabur karo rahwana.
Lan kadadean
perang antaramanuk jatayu lan rahwana. Ananging manuk jatayu kalah lan kelangan
loro sayape lan rahwana lungo gowo shinta. Sakwijineng dina rama lan laksmana
mentu lan ketemu karo manuk jatayu sing wis kejet kejet. Jatayu nyritakke
kejadian mau karo rama,jatayu akhire mati ngerteni shinta diculik rahwana,rama
lan laksmana semedi kanggo ngintukke cara nylametke shinta.
Banjur rama
ketemu anoman sing nulungi rama nyelametke shinta lan rama diajak ing guwa
kiskenda,ing kono omahe anoman.
Ing gowa kuwi
anoman nduwe kanca antarane yaiku subali lan sugriwa,wong loro kuwi podo podo
sakti lan podo podo seneng karo dewi widiyawati. Akihire cah loro kuwi tukaran
kanggo ngintukke dewi widiyawati. Pas cah loro tukaran rama lan anoman
teko delokki tukaran kuwi anoman ngusahakke nyegah subali lan sugriwa. Nanging
amarga rak iso nglerai cah loro,akhire anoman ngongkon rama kanggo manah salah
siji ing antara wong loro mau. Lan subali keno panah kasebut,lan akhire
mati. Sugriwa iseh pengen ngutarakke niate karo rama,yen wonge arep melu
nulungi rama nylametke shinta.
Anoman mulai
nylametake shinta. Wonge njaluk sehelai rambut,sing arep diparingki ing
shinta,kanggo bukti yen wonge bener bener utusanerama seng arep nyelematke
shinta.
Ing taman
Argasoka,ing kerajaan Ngalengka,Shinta dikancani karo trijata keponakan saka
rahwana. Nalika rahwana njajal mbujukshinta supaya mau dipek bojone. Nanging
shinta wegah. Lan nalika shinta dewekan,anoman mlebu ing taman argasaka kangge
nemoni shinta lan ngekekke rambut rama ing shinta kangge mbutikake nek deknen
bener bener utussne rama kangge nyelamatake shinta. Nanging indrajid,anak
saking rahwana ngerti tekone anoman,deknen ngusahakke kanggo nangkep lan
dikekke ing ngarepe rahwana.
Akhire rahwana
mutuske kangge mbakar anoman. Persiapan dilakokke kanggo mbakar anoman. Wektu
iku pumbakarno,saudarane raahwana nglindungi anoman seng ameh di bakar rahwana.
Nanging niyate iku ora berhasil amarga dialangi karo kumbakarna.
Nalika pasukane
rahwana mbakar anoman,jebule anoman ora mempan dibakar kanggo geni. Malah
justru anoman ngrebut obor geni seko tangane rahwana kanggo buntute lan geni
kuwi digo dolanan anoman sakdurunge mbakar kerajaan ngalengka. Pasukan rama
mbendung kali seng cedak kerajaan ngalengka,saengga pasukane rahwana ora bisa
opo opo
Perang antara
rahwana lan rama kedadean. Kumbakarna mati dipanah rama nalika ngewangi rahwana
ngalahke rama. Indrajid melu ngewangi rahwana iku mati sisan. Akhire kedadean
perang sengit antara rahwana laan rama. Rahwana mati dipanah karo rama lan
deknen dicepit ing gunung.
Sakwese menang
ngalahke rahwana,rama ketemu meneh kaliyan shinta. Naging rama curiga karo
kesuciane shinta,sakwese diculik karo rahwana nganti suwi. Akhire shinta mbakar
awake dewe kanggo mbuthiake kesuciane. Nalika shinta mbakar awake dewe ternyata
geni ora mempan mbakar awake shinta,iki mbuthiake yen shinta iseh suci.
Lan rama lahi percaya lan nrima shinta meneh. Rama lan shinta akhire urip tentrem
lan bahagia.
No comments:
Post a Comment